Jumat, 06 Maret 2015

Gak Payu

Jumat, 6 Maret 2015

Lagi asyik rokok sakwise mangan sego pecel, Cak Su karo Cak Pai kaget takoni Ning Ya. “Cak wis moco koran Surabaya Pagi ta, iki lho ono berita operasi pasar sing digelar Bulog dodolan beras gak payu,” jare Ning Ya.

Lho mosok Ning, gak payu kan regone beras Bulog murah, jawab Cak Su. “Iyo murah tapi berase elek, yo gak gelem rakyat ning,” seloroh Cak Pai.

Nek, aku ngiro dudu berase sing elek, tapi rakyat saiki wis sugih, gak gelem tuku beras elek, jare Cak Su. “Iyo benar cak, saiki wong alergi tuku beras elek, mosok digawe mangan kok gawe beras elek, “ timpal Ning Ya.

CakPai gak mau kalah nimbrung omongan perkoro beras. “Aku yo heran ndelok Bulog, mosok dodol beras gawe rakyate dewe kok dikei sing elek, padahal Bulog iku kan dibiayai duite rakyat, mestinya dodol beras murah yo sing apiklah, ojo beras ajur didol, parah,” jare Cak Pai.

Setuju Cak, aku yo nyalahno Bulog, gawe opo dodol beras murah tapi gak payu, nek ngono gak usah dodol beras murah nek kualitase elek, sakno rakyat wis soro, eh dikei beras elek, jare Ning Ya.

Ngene, ae tambah Cak Su yok opo awake dewe nulis surat nang Pak Presiden Jokowi isine, njaluk operasi pasar rego murah tapi berase kudu sing apik. “Oke, siip cak aku melok tandatangan nek peno ngirim surat,” jare Ning Ya.

Iyo,wis aku tak mulih gawe surat Ning, terus piro iki mangane takon Cak Su. “Murah ae cak Rp 10 ewu wong iki aku wingi tuku beras Bulog,” jawab Ning Ya. Mangkane iki mau segone kok gak enak dipangan, jare Cak Pai karo nggrundel. Cak sugeng

http://www.surabayapagi.com/index.php?read~Gak-Payu;3b1ca0a43b79bdfd9f9305b8129829620a533736fe28254dffd2ef91cba60c8c

Tidak ada komentar:

Posting Komentar